DIRGAHAYU HARI GURU NASIONAL dan HUT PGRI Ke-76 Kabupaten Purbalingga. Membangkitkan Kesadaran Kolektif Guru Dalam Meningkatkan Mutu Pendidikan | Lomba Pembuatan Web / Blog Guru SD/MI ; SMP/MTs; SMA/SMK/MA tingkat Kabupaten Purbalingga

Monday 31 October 2016

Semar Mesem

Kompetensi Dasar      : 1.3 Mendengarkan cerita tokoh wayang (Punakawan)
Indikator                      : Mendengarkan Cerita Punakawan
                                      Menjawap Pertanyaan Sesuai Cerita
                                      Memerankan Tokoh Punakawan



Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong lagi padha guneman.
Wacanen kanthi permati!
Bagong            : Truk, Kang Gareng mau nang endi?
Gareng             : Ana apa Gong, aku nang kene!
Petruk              : Bagong sajake arep mbagi dhuit, Kang Gareng!
Gareng             : O, ya aku njaluk bagian Gong!
Bagong            : Ora ya, wong mono mbok aja padha mata dhuiten!
Petruk              : Ha....Ha...Ha....
Gareng             : Ngenyek ! aku aku iki ora mata dhuwiten, mung gelem dhuwit ngono!
Bagong            : La, iya iku padha wae.
                          Iya to, Truk?
Petruk              : Wis, wis, wis, saiki aja padha padudon lan guyonan. Galo Rama Semar rawuh.
Gareng, Petruk, lan Bagong padha gegojegan.
Gareng gawe bedhekan mangkene : “Sapa wonge sing dedege dhuwur dhewe?”
Petruk mbedhek, “ Ya, mesthi aku!”
“Lha, sapa wonge sing cendhek, gedhe, nanging tua dhewe?”
Bagong gemuyu!
Petruk uga gemuyu!
Semar ujug-ujug mara karo mesam-mesem.
“Kowe padha ngece wong tuwa, ya!” kandhane Semar.



Mangsuli Pitakon
Wangsulana Kanthi trep!

  1. Punakawan kuwi sapa wae?
  2. Apa sing ditindhakake Bagong ?
  3. Sapa sing digoleki Bagong ?
  4. Apa tegese gegojegan ?
  5. Sapa sing cendhek tur lemu dhewe?

Dadi Wayang
Saiki, coba padha dadi wayang!
Pilihen kancamu, sapa sing dadi Bagong, sapa sing dadi Gareng, Petruk lan Semar.

Sebanjure pragakna wacan ing dhuwur ana ngarep kelas!

Buku : Ramen Basa Jawi SD/MI Kelas II

No comments:

Post a Comment